Welcome To My Website
Anda bisa mendownload buku,musik,video,software,game dan masih banyak lagi yang lainnya dengan gratis disini

Rabu, 05 Oktober 2011

'Membaca' Pesan Ghaib Ki Ageng Mangir



Dhandhang Gula

Sasadara huwus panglong iki / Parandene mancorong baskara
Sumelet kelet panase / Kabeh wong padha bingung
Salang tunjang angkara sirir / Ananging kang pinanggya
Geni mulad murub / Bumi bengkah luru tumbal
Tan kawilang kehing layon nggondhol tangis / Nuswantara kantaka


Dhuh, dhuh, adhuh Risang Maha Yekti
Abdi muja konjuk Maha Wikan / Krama galana hambeke
Mulat karuganipun / Bumintara kawula dasih
Tuwahing lampah tama / Kawarna pra luhur
Lumembat sang sinatriya / Tentrem ayem tata titi kuswa rukmi
Mandhireng mulya jaya

Punapa ta badhe klampah malih / Pralayane prabu Dharmawangsa
Tanapi sirna ilange / Majalungga karuhun
Mawut ambyar talining asih / Putra anglaga bapak
Kadang dados satru / Sadayanipun punika
Krana polah wiyasaning gatra wangsi / Angugung durangkara
Kang kajangka dening pra winasis / Nagri mami kalungge sapendhah

Wong jawa ilang jawane / Nyingkur pepakon luhung
Wusanane ibu Pratiwi / Rumaos yen katilar
Datan den pailu / Dhuh Gusti Sang Murbeng jagad
Mugi krenan paring lejar lan udani / Dhumateng abdi nDika
Nadyan amba wus kamuksan jati / Kapiyandhem satuti ngastawa
Maring napi kula wngse / Ndeek angudar simpul
Kinthung silung kapugut yekti / nanging abdi paduka
Jalma punggung cubluk / pramilanta nyuwun wucal
Kados pundi lampahing pambudi / sumangga mawarsita

Sinom

1 . Ingsun pranataning jagad/ maha welas maha asih
Tanpa wates tuhu tresna / tumrap titah kang ngabekti
Lan setya angugemi / marang angger dhawuh Ingsun
Fhuh nguni Ingsun serat / ing watu loh cacah kalih
Sun paringke marang Musa dhutaning wong

Marwa hawya melang driya / Ingsun krenan ngijabahi
Panyuwun umat Ingwang / Nuswantara bakal bangkit
Tandane jaman iki / timbul titah sipat rasul
Sumrambah ing bawana / kanthen asta ngesthi Gusti
Tanpa pamrih ider warih tirta marta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar